KAWRUH KAGUNAN BASA
1. YOGYA SWARA
tembung yogyaswara iku tembung Loro Ati khas Lanang wadon Kang mung beda wandane wekasan.
Dene bedane yoiku: wandane wekasan tembunge kang ngarep mawa vokal "a", tembunge kang mburi mawa vokal "i".
tembung yogyaswara iku cacahe ora akeh, Kayata:
A. Widadara-widadari
B. Gana-gini
C. Dewa-dewi
D. Bathara-bathari
E. Yaksa-yaksi
tembung yogyaswara iku ono ing sajroning cakepan tembang ing sajroning cakepan tembang kinanthi ing ngisor iki.
Sadaya kang sinung dhawuh
Sandika wus samya mijil
Samekta saksana bidhal
Widadara-widadari
Tuwin kang para jawata
Nom-anom ingkang umiring
(partakrama,R Ng. Sindusastra).
2. TEMBUNG ENTAR
contoh entar yaiku tembung silihan tembung Kang ora keno mungkin tegese ing salugune bae. Nek secara indonesia: arti kiasan. Tuladhane : Athi kethul.
Tembung "kethul" mathuke ditrapake ing gegaman kang saka wesi, kayata: pedhang, klewang, arit, bendho lan salanunggalane. Ing pangrasa kaya kaya tembung "kethul" iku dadi darbeke gegaman. Mulane yen tembung "kethul" iku ditrapake ing barang saliyane gegaman, kayata ditrapake ing "ati"
Umpamane , banjur dadi tembung silihan utawa tembung entar. Ing pangrasa kaya kaya ati nyilih tembung kethul marang gegaman.
Tembung entar kui ono akih:
A. Lobok atine : ora gampang muring , sabar.
B. Jembar segarane : seneng menehi pangapura.
C. Lunyu ilate : gunem e mencla mencle
D. Tipis lambene : seneng nyatur wong.
E. Gedhe sirahe : angkuh, ambek semangkeyan.
F : ngatonake siyunge : nuduhake kewanene utawa panguwasane
G. Udan tangis : akeh wong podo nangis
3. RURA BASA
Rura basa yoiku tembung ing padinan sing wus kaprah sumebar nanging salah mungguh miturut tata rakiting ukara utawa surasane tembung.
Tulodho
A. Adang sego : adang beras kanggo gawe sego
B. Kelan lodheh : nggawe lodheh
C. Mbunteli twmpe : mbunteli dhele digawe tempe.
D. Nggodog wedang : nggodog banyu dadi wedang
E. Ndeplok gethuk : ndheplok pohung dadi gethuk
F. Nguleg sambel : nguleg lombok kanggo gawe sambel.